Jumat, 31 Agustus 2012

cerita cekak basa Jawa


nyuwun ngapura lan paring pangapura
Sakniki dinten terakhir anggenipun siam lan benjang sampun dinten riyaya. Ing dusun Suka Cita dipunwontenaken takbiran. Jam 8 ndalu lare-lare sampun sami kempal, boten ketinggalan Tari lan Adel. Bocah kalih punika sampun kekancan saking alit. Lajeng lare-lare wau dipun angkut mawi kendharaan umum(kol).
Wonten ing  kendharaan wau, lare-lare sami takbir, “Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar . . .” Ing margi-margi ingkah dipun lewati, inggih kathah tiyang-tiyang ingkang sami takbir. Ingkang andadosaken margi-margi punika macet. Sesarengan punika, dumadakan kendharaan kang dipun tumpakki Tari lan Adel mogok. “Wadoh, napa iki kok malah mogok ki?” pak sopir bingung amargi dumadakan kendharaane mogok. Lajeng pak sopir mandhap saking kendharaan lan nuweni, jebulane ban kendharaan ingkang wingking bocor.“Wadhuh mas, ban sek buri bocor,” ujare pak sopir. “Bocah-bocah arep dipiy├Ękke?” pitakone mas Hendar ingkang dados panitia takbiran. ”Ngoten mawon kula beto serep ban. Mangkeh lare-lare ken mlampah rumiyin, menawi sampun nggantos ban kendharaan mangkeh kula nyusul,” wangsulane pak sopir. “O.. nggeh pak,”  wangsulane mas Hendar.
Lajeng mas Hendar aken lare-lare ken mandhap saking kendharaan lan le takbir mlampah, “Mlaku jejer loro-loro ya,” akene mas Hendar. Lajeng lare-lare sami mlampah jejer kalih-kalih. Boten dangu anggenipun mlampah, dumadakan Iin dhawah amargi kejeglong lan jenthik sukunipun medal rahipun. Iin mung pringas-pringis amargi sukunipun sakit, “Hahaha... Sokor nek mlaku ki ngingetke,” ujare Tia sinambi ngguyu nyekakak kaliyan rencang-rencangipun. Tia punika putranipun pak Anto, tiyang ingkang paling sugeh sak dusune Iin. “Wela, kowe ki pye ono kancane kena musibah malah disokorke, rewangi po pye?” wangsulanipun Vivi tangga tepalihe Iin. “Ra penting ngrewangi cah ra duwe koyo ngono. Nggak level, hello,” kandhane Tia lan lajeng kesah nilarke Iin. Lajeng Iin direncangi Vivi lan Lia ngobati sukunipun kang medal rahipun. “Alhamdulillah, kendharaane wis teko. Ayo tak rewangi munggah kendharaan,” ujare Lia kalih Iin. Sak sampunipun Iin minggah kendharaan lajeng disusul rencang-rencangipun. Takbir dilanjutaken ngantos jam 11 dalu.
Jago sampun kluruk mratandhani sampun wayah enjing, tiyang-tiyang ing dusun Suka Cita sampun sami wungu lan siap-siap nindakaken shalat Idul Fitri. Boten katinggalan keluarganipun Iin, sampun ket enjing wau wungu lan resik-resik griya. Lajeng jam 06.30 WIB, Iin sak keluarga tindak mesjid nindakaken shalat Id.
Sak sampunipun shalat Id, keluarganipun Iin lanjeng sungkeman. “Pak, sedaya kalepatan kula nyuwun pangapunten,” ature Iin. Lajeng dilajengaken sungkem ten gene ibunipun. Sak sampunipun sungkeman kalih tiyang sepuhipun, lajeng Iin sakaluarga tindak mushola sak celak griyanipun. “ Bu, kula le thenguk ten cedhak kanca-kanca nggeh?” pamite Iin. “Yoh, ora gojekan wae ningo,” pesen ibunipun. Lajeng Iin lenggah sesarengan rencang-rencangipun. Boten dangu punika, syawalan diwiwiti kanthi acara pembukaan, sambutan ketua panitia, ikrar halal bi halal, pengajian lan dipungkasi salam-salaman. Ing tengah acara syawalan inggih punika pengajian, pengajian punika isinipun Halal Bi Halal. “...kita sedaya kedah nyuwun pangapunten kalian tiyang sanesipun lan kita kedah paring pangapunten supados boten wonten dendam ing gesang kita...” ngendikanipun pak ustadz. Lajeng Tia kemutan anggenipun wau dalu malah nyokorke Iin dhawah boten nulungi. Ing acara pungkasan anggenipun salaman kalih Iin, tia nyuwun ngapunten kalih Iin, “In, sorry ya mau bengi aku ra nulungi kowe.” “Alah ra popo, wis tak ngapurani kok,” wangsulane Iin. “Minal Aidzin Wal Fa’idzin,” ature Tia karo Lia sek mapan ing cedhake Iin. “Nggeh, sami-sami,” wangsulane Lia. Lajeng sak sampunipun syawalan tiyang-tiyang sami kondur lan nglajengaken tindak ten sedherek-sedherek sanesipun.

1 komentar: