Jumat, 26 September 2014

Gathutkaca


Gathutkaca
Gathutkaca menika sawijining paraga wayng Mahabarata. Gathutkaca punika putranipun Raden Werkudara lan Dewi Arimbi. Gathutkaca nalika lair awujud raksasa kang gadhahi asma Jabang Tetuka lan sampun umur setunggal taun tali pusar Gathutkaca boten saget dipangkas. Cekak crita, tali pusar Gathutkaca saget dipangkas ngagem Sarung Pusaka Kuntawijayadanu. Ananging Sarung Pusaka Kuntawijayadanu wau mlebet ing awakipun Gathutkaca. Lan diramalke dening Kresna, Gathutkaca bakal mati ing tanganipun kang gadhahi senjata Kuntawijayadanu.
                Ing wektu iku khayangan dewa uga lagi ngadhepi masalah kang gedhe, Patih Sekipu lan bala tentaranipun ngobrak-abrik khayangan diutus dening Prabu Kala Pracona. Para dewa kalah, banjur Sang Hyang Bathara Prabu dhawuhi para dewa supados golek jago kangge ngalahake Patih Sekipu lan bala tentaranipun.
            Cekak crita, ingkang kepilih dados jago para dewa inggih menika Jabang Tetuka. Amargi Patih Sekipu lan Prabu Kala Pracona boten gelam nglawan bocah cilik. Banjur Jabang Tetuka wau dibeta ing Kawah Candradimuka. Jabang Tetuka wau dipun lebetaken ing Kawah Candradimuka bareng kaliayn pusaka-pusaka kang ampuh. Sak sampunipun punika, banjur Jabang Tetuka wau dipendhet malih. Jabang Tetuka wau boten awujud bayi malih, ananging sanpun awujud pemuda kang dewasa lan gagah perkasa. Banjur asma Jabang Tetuka wau digantos dados Gathutkaca.
            Gathutkaca gugur ing perang baratayudha, amarga kenging Panah Kuntawijayadanu.
DASANAMA GATHUTKACA :
1.        Kaca Negara
2.      Tetuka
3.      Purbaya
4.      Bimasiwi
5.      Rimbat Maj
6.      Krincing wesi
7.       Guruputra
8.      Suryanaradha
GARWA lan PUTRANIPUN GATHUTKACA :
1.        Dewi Sumpani, peputra Raden Arya Jayasumpena.
2.      Dewi Pregiwa, putrinipun Raden Arjuna. Peputra Raden Sasikirana.
3.      Dewi Suryawati, peputra Raden Suryakaca.
AJI_AJI GATHUTKACA :
1.        Narantaka
2.      Esmu gunting
3.      Caping Basunanda
4.      Kotang Antrakusuma
5.      Aji Brajadenta
6.      Aji Brajalamatan
7.       Aji Brajamusti
8.      Aji Brajawikalpa